
TRESNA SING SEMI
Dening : Siti Istianah, S.Pd.
Ening wening wengiku
Angen-angenku eling sliramu
Sinambi nyawang tawang sadhuwurku
Nadyan adoh panggonmu
Nanging endahing tresna bisa tak rasa
Ana ing jroning driya, jroning kalbu
Mbayangake sliramu
Kaya angete bagaskara wanti esuk
Wancine miwiti panguripan iki
Wancine menehi motivasi dhiri
Kanggo lumban ing pakaryan
Kanggo ngentekake awan … nunggu sang ratri
Marang angin sing semilir
Nitip kangenku nitip kanggo tresnaku
Muga sliramu krasa
Muga katresnamu uga padha
Tresnaku sing semi ing ati
Tansah tak jaga kanthi ngetok digdaya