
JEMBATAN NGELMU
Dening : Siti Noerrohmah
Buku … kanca raketku
Saben dhina tansah ngancani aku
Samubarang kang during tak mangerteni bisa tak golekki
Mung kowe kanca pinterku
Buku … kanca raketku
Apa kowe ngerti sing tak rasakake?
Jamanne wis maleh jamanne wis owah
Saya sithik sing gelem tresnani kowe
Keh kang seneng limpatte gadget
Luwih akeh kang seneng BBM utawa facebook
Sliramu ditinggalake amarga dianggep kuna
Kurang mencotake jarene
Buku … kanca raketku
Apa kowe nesu?
Apa kowe kudu nyatru
Liyane mungkin ngganti panggonanmu ananging aku tetep mitramu