MUMPUNG ISIH SEWENGI

MUMPUNG ISIH SEWENGI

Peteng remeng-remeng,
Godhong-godhong mung semburat-semburat,
Ora cetha ijo, kuning apa ireng,
Anteng meneng ora kumlawe,
Surup iki amem,
Amung swara mbah Modin saka mushola sing rada ngedhemake ati.

Pitik-pitik wis ora piyag-piyeg, ngandhang,
Gangsir sing abene goreh, malah blas ora ngenthir,
Jangkrik ora ngerik senajan jrabang lan jlitheng,
Wengi iki sangsaya amem.

Mbah Modin kekidungan puja-pujian,
Isine memuji lan meden-medeni,
Jare malaikat juru pati lirak-lirik,
Jare ana kreta kencana rodhane rodha manungsa,
Medeni… nanging ing ati dadi ngati-ati.

Sing amem dadi ayem,
Sing mbregudul bakale tungkul,
Sing mbejujag mbeling dadi eling,
Sing kemaki bakal age-age tumapak mring daleme Gusti.

Pancen iki wayah surup tumuju wengi,
Nanging durung kalantur,
Isih ana sewengi kanggo memetri ati,
Mbuh sesuk isih kancingan nyawa apa wis mati,
Iki isih ana sewengi…aja digawe amem!
Lampahe Nabi dituruti lan diugemi.

Mbah Modin ora meden-medeni,
E…mbok menawa putune padha lali,
Amarga sedhela maneh kemulan nutupi rai,
E…sapa ngerti yen wis ora bali.



Geguritan, dimuat mjlh Panjebar Semangat no. 22, tg 30 Mei 2015

Dening : AGUS JUNAEDI