GEGURITAN, Dening Pak Agus Junaedi,S.Pd

MASGUL

Sing dakgadhang kadya kembar mayang,
Tumurun saka pucuke langit,
Hadiahe para bathara,
Kanggo jampi pepenginan kang ngreridu.

Dakpanggul glondhong pangareng-areng,
Ben sing disedya enggal tumiba,
Yen umpama minthi enggal dadi menthok,
Yen kuthuk enggal dadi si Cindelaras.

Nanging kepriye maneh,
Kasunyatane sliramu ora kaya mbiyen,
Sliramu gela-gelo dirubung bandha lan kenya,
Atiku masgul amarga polah tingkahmu.

       Salatiga, Januari 2016

Bagikan ke :